Pages

Labels

Minggu, 11 April 2010

Tembang Macapat

Ini adalah tugas dari Pak Supriyono dua tahun yang lalu, membuat tembang baru dengan memodifikasi tembang yang sudah ada. Berikut beberapa tembang yang saya buat.

Pangkur: Bocah

Dadi bocah kudu bisa
Sregep golek ilmu lan njaga dhiri
Njaga ati saka nepsu
Tetulung marang kanca
Kudu bisa mendhem jero mikul dhuwur
Nyenengake ibu bapa
Dadi bocah kang ngabekti

Pucung: Sregep Ngamal

Donya iki kebak dosa hawa nepsu
Ja tumindak ala
Sregepa tumindak becik
Ngamal soleh sangu kanggo mlebu swarga

Dhandhanggula: Eling-Eling

Lintang kumebyar ing rina wengi
Nyoroti kabeh isining donya
Kemricik banyu ing kalèn
Nyeblok ing ndhuwur watu
Keprungu swara kewan wengi
Ngoyak sepi kang sepa
Mula saka iku
Elingana Sang Pangeran
Kang wus nggawe alam kang ngedab-ngedabi
Tentreming alam donya

0 komentar:

Posting Komentar