Pages

Labels

Rabu, 23 Juli 2014

Kembang Liar

Esuk-esuk wayah langit cerah paling asik pancen sepedhahan nyang sawah. Mumpung durung pati panas. Kadhang ing pinggir kali ana kembang apik-apik sing kaya celuk-celuk njaluk ditandur nyang omah. Iki jalurku sepedhahan liwat kali Buk Macan Desa Pojok, Kecamatan Campurdarat.

Iki kembang Tithonia. Mbiyen wis tau daktulis ing kene. Yen dipikir-pikir, kali panggen olehku winihe mbiyen ya sajalur karo kali sing dakliwati iki. Bedane mbiyen aku liwat sing kulone Buk Macan, sing iki turut etane.
Esuk-esuk ngene iki yen kena srengenge, byuh rupane apik tenan.


Iki kembang apa, mbuh aku ra weruh jenenge. Rupane apik sih, tapi metu erine. Ra pati atos sih erine, tapi yen kenekan ya panggah lara.



Wis bolak-balik weruh kembang lantana ngene iki sakjane, tapi yen esuk-esuk ngene pancen ketara apik. Rupane maneka warna. Apik, tapi aku wegah nandur ing omah. Gah tenan, akeh erine. Kathik ambune macem-macem, ana sing wangi, ana sing bacin. Tapine aku ra apal sing wangi sing jenis endi wae.



0 komentar:

Posting Komentar